Goro goro Ki Hadi Sugito di lakon "Antasena Ngraman"
Berikut adalah petikan dialog dari goro goro tersebut,
Jungkung mardiyo (petruk) : " Sak jerone aku mlebu onong taman maerokoco,sak jerone aku mlebu onong taman maerokoco. Iki ono satrio bagus sing mapan onong kene. Yen tak condro satrio iki klebu condro,dedegke koyo ringin sungsang. Polatane ndamar kanginan,rambute prentel prentel,ngandan andan ireng mulus sulak rondho ijo. Alis nanggal pisan nektro kocak lendre gronong wurunge wojo tetesing toyo,jangganing wulang wulang,janggute kraket karo dodo. Jenengmu sopo wong bagus?"
Arjuna (gareng) : " Menowo,kowe takon karo aku...."
Jungkung mardiyo (petruk) : " he'em"
Arjuna (gareng) : " genti aku takon,kowe ngakuo sopo jenengmu!"
Jungkung mardiyo (petruk) : " we'e ditakoni durung ngaku genti takon."
Arjuna (gareng) : " Jamak lumrah yen adus mesti teles.....sopo keceblok mesti gupak lendhut. Sopo utang mesti nyaur,sopo utang mesti ngapusi. Moro to gage kowe enggal ngakuo,ratu ngendi,sopo jenengmu? Ono ratu gagah prakoso prawiro jurit,godek wok simbar jojo. Agemane nganti pating glebyar,sarwo Mas,sarwo inten. Sarunge ambune.... lethenge ra ilok ilok.
Jungkung mardiyo (petruk) : " Wi jenenge ra wong ngalem nek kui,jan wong moyok'i kui,haa kok sarung barang diomongke. Takon karo aku iki ratu Nguter gelung,Prabu Jungkung Mardiyo aku!"
Arjuna (gareng) : " Kowe Jungkung mardiyo. "
Jungkung mardiyo (petruk) : " He'em,kowe sopo? "
Arjuna (gareng) : " Satrio songko Madukoro...aku Arjuno,iyo Bambang paidi"
Jungkung mardiyo (petruk) : " hhhhh...ora paidi reng. Permadi utowo Pamadi,kok paidi. Le nyuworo ki sing gedhe ora ming nyemimik ngono kui. "Menowo kowe takon karo aku,aku Permadi" ngono. Ngaa ngaaang ngaaang ngaanng ora ngono. "
Arjuna (gareng) : " menowo....."
Jungkung mardiyo (petruk) : " kui sek blero kui"
Arjuna (gareng) : " menowo kowe takon karo aku"
Jungkung mardiyo (petruk) : " kurang gedhe!"
Arjuna (gareng) : " menowo kowe takon karo aku"
Jungkung mardiyo (petruk) : " tithik ngkas."
Arjuna (gareng) : " menowo kowe takon karo aku"
Jungkung mardiyo (petruk) : " setithik ngkas"
Arjuna (gareng) : " menowo kowe takon karo aku"
Jungkung mardiyo (petruk) : " tithik ngkas.......
Sri kandi (bagong) : " whhaaaaaa....(Preeettt) "
Jungkung mardiyo (petruk) : " ngopo Gong?"
Sri kandi (bagong) : " nggembos"
Jungkung mardiyo (petruk) : " hhhh...wong bengok kok njur,ngempret."
Arjuna (gareng) : " hlaa wong kene ki le nyuworo nganti mripate nganti mendelo he,iseh kurang gedhe terus."
Jungkung mardiyo (petruk) : " Permadi...."
Arjuna (gareng) : " Opo...?"
Jungkung mardiyo (petruk) : " Aku teko mrene opo nyoto kowe nggebang calon bojoku,diajeng woro Srikandi?"
Arjuna (gareng) : " Aku ki ora nggebang,nanging diajeng woro Srikandi wi mbeguru karo aku kepengin manah..tak ajari nyekel panah. Saiki wes patitis pangembating panah.......wes MAT temenanan."
Jungkung mardiyo (petruk) : " gandheng saiki wis biso purno nggone ajar manah....Srikandi arep tak jalok,arep tak gowo bali ono ing kraton Nguter gelung."
Arjuna (gareng) : " Mumpung iki ono wonge,mengko tak tarine. Nek gelem yo gawanen,nek ra gelem ojo tok jiiaaak.
Jungkung mardiyo (petruk) : " Yo jajal tarinen..."
Arjuna (gareng) : " Diajeng woro Srikandi.....Srikandi....Ndi....Sri...Sri gemblung...Sri ndower...Gong....?
Sri kandi (bagong) : " Ha ono opo?"
Arjuna (gareng) : " dadekke Srikandi malah,ngomple..."
Sri kandi (bagong) : " hla aku ki rak ra ngerti acarane.......ora ono sasmito opo opo kok,srak srik srak srik. "
Arjuna (gareng) : " Kowe didadekke Srikandi. Petruk Jungkung mardiyo,aku....Permadi.
Sri kandi (bagong) : " ha rak ngono...kae Jungkung mardiyo. "
Arjuna (gareng) : " he'em
Sri kandi (bagong) : " Kowe Sumadi"
Arjuna (gareng) : " PERMADI!"
Sri kandi (bagong) : " Permadi...aku?
Arjuna (gareng) : " Srikandi. "
Sri kandi (bagong) : " Oooo...wedok?"
Arjuna (gareng) : " haa iyoo"
Sri kandi (bagong) : " wwhhaaiisshh...gemang aku...yakin trimo tok pentungi aku,kon salah kedaden dadi wedok gemang temenan."
Arjuna (gareng) : " Ngopo?"
Sri kandi (bagong) : " Meteng aku"
Arjuna (gareng) : " yaaahhahahahaha...ora wedok temenanan kok njur wegah nek meteng."
Sri kandi (bagong) : " Le muyuk muyuk.."
Arjuna (gareng) : " ORAA wah jan...pokok'e ming wedok wedok'ang
Sri kandi (bagong) : " Ooo didapuk wedok?"
Arjuna (gareng) : " Haa iyo..."
Sri kandi (bagong) : " Ning ora malik grembyang?"
Arjuna (gareng) : " Ora...
Sri kandi (bagong) : " Ooooo...sing tak kuatirke nek malik grembyang ngko ndak ora ono sing mBagong..."
Arjuna (gareng) : " Diajeng,diajeng woro Srikandi...
Sri kandi (bagong) : "......oppow"
Arjuna (gareng) : " hhhh...suarane kok koyo ngono...
Sri kandi (bagong) : " hlaa urung kulino kok yo...
Jungkung mardiyo (petruk) : " swarane Srikandi kui cilik "jagat.. jagat kulo kang Mas Arjuno kulo pengeran". Ngono. "Kowe saiki arep digowo bali Jungkung mardiyo,wis kono. Gandheng wus rampung leh mu ajar manah,kowe gelemo." Mmmmm...." Nibo toh"
Sri kandi (bagong) : " ha'ah"
Jungkung mardiyo (petruk) : " njuk tangi meneh."Iki wong opo ngono bojo kok di neh nehke,kulo rak mpun matur yen kulo tresno kalih panjenengan....kulo yen kon ngladeni Jungkung mardiyo kulo trimah pejah....kang Mas,kang Mas Janoko kulo tresno panjenengan kang Mas,badheo dumugi wonten jaman kelanggengan,penjenengan kalih kulo derek'aken. Priyayi kok koyo ngono lho,kok ora keno diantepi ki njuk priyayi opo ngono? Luputku ki opo ngono,yen ko ngono rasane ning ati koyo dirujit rujit! Trimo kulo wangsul dateng cempolo kemawon mawi panjenengan mboten tresno kalihan kulo,pengeran!" Ngono!! "
Sri kandi (bagong) : " Opo kiro kiro lambeku ra keleg po yo?"
Jungkung mardiyo (petruk) : " Ha yo nek nyuworo ki alon alon,kok semelang keleg."
Arjuna (gareng) : " Diajeng,diajeng woro Srikandi....Srikandi..."
Sri kandi (bagong) : " (bbrruuuggg)
Arjuna (gareng) : " Waduh,iki ngopo ki?"
Sri kandi (bagong) : " Nglekar...ha wis gek uwis..."
Arjuna (gareng) : " Mengkoooo...kesusu susu oraa...le nibo ki mengko..."
Sri kandi (bagong) : " haaaa...ngenteni le adus..?
Arjuna (gareng) : " ........oraaa...ning mengko,nek wes tak tari kui lagi nangis,nibo ngono."
Sri kandi (bagong) : " Wahduh,gawe kaco iki...ha wes siap siap...nibo koyo ngene malah disemayani mengko..."
Arjuna (gareng) : " Haa urung ditari kok yoo..."
Sri kandi (bagong) : " Wah jan dadak nganggo penari barang.....ki tangi meneh?"
Arjuna (gareng) : " haa iyoo..
Sri kandi (bagong) : " Wah wes,kepekso.....dinggo meneh...
Arjuna (gareng) : " Wong kelakuane ko ngono he,dadekke putri.....Diajeng,diajeng woro Srikandi..."
Sri kandi (bagong) : " Kulo..kang Mas,kang Mas Permadi.."
Arjuna (gareng) : " Gandeng jeneng poro yai wes rampung le ajar manah...
Sri kandi (bagong) : " HE? Urung he..
Arjuna (gareng) : " Iki kocape ki le ajar manah ki wes rampung."
Sri kandi (bagong) : " Oo iyo,oo kocape?"
Arjuna (gareng) : " haa iyo...Kowe saiki gelemo melu Jungkung mardiyo,bakal diboyong ono negoro Nguter gelung. Srikandi...
Sri kandi (bagong) : " Hmm...piye ki?"
Arjuna (gareng) : " Nibo"
Sri kandi (bagong) : " owalah jan wah telat wis...nyuwun pangapuro. Telat!"
Arjuna (gareng) : " Haa kok meneng?"
Sri kandi (bagong) : " Hla opo kiro mbengok mbengok po piye kiyi?
Arjuna (gareng) : " GEK TANGI!!!"
Sri kandi (bagong) : " ooo...iki tangi?
Arjuna (gareng) : " haa iyo...
Sri kandi (bagong) : " waaduuuhh,jan wes ndadak tangi meneh."
Arjuna (gareng) : " Nanges!"
Sri kandi (bagong) : " Mmm...kepiye ngono kok dadi ora,sepisan dadi...ono wong kok dadak kaping pindo kon bebrayan aku rak wes tresno karo kowe to kang Mas permadi mbok ojo koyo kono....Wong sak jagad pramudito, sak ngalam padang ora ono sing tak tresnani mung kejobo mung jeneng siro. Ewodene kok aku tok kek kekke njur nalarmu kepiye kowe ki kang Mas,kang Mas kowe ora kelingan karo Widodo kowe? Nek koyo ngono,becik aku tak bali nang....kidul ngomah wae,timbang aku dadi bojomu koyo ngrekoso temen ko ngene,nek ko ngene mati ro mati aa..kokean pikirang awakku nek ko ngene,nganti kuru ko ngene mergo seko mikirake karo kowe kuwi Mas.."
Arjuna (gareng) : " Ha kok njur,karo kowe kui Mas! Leh mu ngantemi aku nganggo opo Gong?
Sri kandi (bagong) : " Watu."
Arjuna (gareng) : " Mulane loro kabeh. Hla wong ming nggo tangan wal wil wal wil mosok gek,nyuworo blag blug blag blug."
Sri kandi (bagong) : " Karang men tonji he."
Arjuna (gareng) : " Tonji tonji ora...dadi nek ngono ora gelem we dadi bojone Jungkung mardiyo?
Sri kandi (bagong) : " Gemang"
Arjuna (gareng) : " Rak yo ratu sugih?"
Sri kandi (bagong) : " Nek sugih sugih,meso marem kowe. Sugiho koyo ngopo aku wes kebacut tresno karo kowe Mas."
Arjuna (gareng) : " Iyo."
Sri kandi (bagong) : " Ojo cok koyo ngono kui
Arjuna (gareng) : " Ora ora diajeng,ora."
Sri kandi (bagong) : " Arepo piye piye wong nyatane kowe ki tak tresnani temenanan."
Arjuna (gareng) : " Haa iyo."
Sri kandi (bagong) : " Aku nek koyo ngeneki mati ro mati."
Arjuna (gareng) : " Ha yo"
Sri kandi (bagong) : " Mbok eling rikolo jaman semono."
Arjuna (gareng) : " Ha iyo."
Sri kandi (bagong) : " Ketemune sepisan kepiye,nganti aku tok ajari manah,mongko maune aku rak ratau...ratau manah nganti iso manah........mergo soko piwulangmu. Bareng wis biso kok malah tok....tinggal melarikan diri. Koyo ngono ki jeneng wong ora TANGGUNG JAWAB!
Jungkung mardiyo (petruk) : " hduh,serone."
Sri kandi (bagong) : " Nggumunake nek ko ngono."
Arjuna (gareng) : " Yoes ono lupute pun kakang sing gedhe pangapuramu yo di,pun kakang wis longgar. Nek ngono diajeng tresno kelawan pun kakang?"
Sri kandi (bagong) : "Hla rak yo ngono to? Cak sepisan aku rak mbeguru. Ajar manah. Maune wes ditire dike'i teori njuk wes dipraktekake....pemanahe mau ra bakal luput. Nyatane,aku nyekel panah wes titis."
Arjuna (gareng) : " Ha iyo."
Sri kandi (bagong) : " Opo sing tak panahke iso...tumoto."
Arjuna (gareng) : " Ha iyo. Ning kae mengko ra wurung ngagolke ngalum banjur,kadiparaning nggonku bakal soko wangsulang,marang....."
Jungkung mardiyo (petruk) : " Hhhh kok soyo nyemimik soyo nyemimik."
Sri kandi (bagong) : " Engko tak temonane dewe."
Arjuna (gareng) : " Yoes kono,temonono diajeng.
Sri kandi (bagong) : " Kowe Jungkung mardiyo?"
Jungkung mardiyo (petruk) : " He'em,aku Jungkung mardiyo. Kepiye,kowe dadi bojoku gelem opo ora?"
Sri kandi (bagong) : " Aku gemang."
Jungkung mardiyo (petruk) : " Ojo koyo ngono
Sri kandi (bagong) : " AAWW...ki lho aku di mek!"
Jungkung mardiyo (petruk) : " Srikandi..hhh..Srikandi kok ra idep isen. Ming dijawile mbengok "ki lho aku di mek"
Sri kandi (bagong) : " Karang ethok ethok wong sengit sengit temenanan. Padane koyo Rup karo Margo kae rak yo..."
Jungkung mardiyo (petruk) : " Kowe dadi bojoku gelem opo ora kowe?
Sri kandi (bagong) : " Aku gemang aku,ojo koyo ngono kowe. Aku wes kebacut tresno karo kang Mas permadi,kowe ojo ngrusuhi aku bebrayan."
Jungkung mardiyo (petruk) : " Kowe ra gelem,ngati ati. Tak jotos kowe,gelem ora?
Sri kandi (bagong) : " Gemang...."
Jungkung mardiyo (petruk) : " Tak jotos kowe...hayo gelem ora?"
Sri kandi (bagong) : " Yo nek ra weruh bojoku,gelem."
Jungkung mardiyo (petruk) : " Yahahaha...ciloko iki,Permadine sing ciloko ki."
Arjuna (gareng) : " Ha kok njuk nglimpekke aku. Ko aku sok lungo ijen,Srikandi njaluk diantemi ora.."
Sri kandi (bagong) : " Ha witekno mbangane loro,mongko sakdurunge Srikandi ki ketemu Arjuna kui pancen wes yang'e...kae. Yang'e Jungkung mardiyo he,ha yo ilok ilok rak yo kudune rak yo kepiye ngono,ra ketang do ning nge-kol."
Jungkung mardiyo (petruk) : " Yahahahaha...minggato kono Gong ra."
..............................................................................
Penasaran dong ya sama kelanjutan dan bagaimana suara dari dialog di atas,langsung saja download Ki Hadi Sugito - Antasena Ngraman (part:Goro goro)
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
BalasHapusKAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.